ATUR SAPALA
Ingkang sepisan
kula ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan
rahmatipun saengga kula saged ngrampungaken
tulisan punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken tulisan
punika.
Wonten makalah
punika kula nyariosaken babagan Tirta Purwitasari, ingkang wonten penggalih
kula wonten mriku wonten pitedah-pitedah babagan urip lan budi pekerti.
Wonten ing jaman sapunika, mboten ekonomi kemawon ingkang ngalami
krisis, ananging moral lan budi pekerti ugi krisis. Korupsi wonten pundi-pundi,
kriminal, lan sapanunggalanipun.
Awit
saking punika kula milih
cariyos Tirta Purwitasari. Wonten mriku
dipuncariyosaken pripun sejatosipun manungsa lan nepsunipun, ugi babagan sipat kesetriya
ingkang kedah dipun gadhahi kula panjenengan sedaya.
Mugi-mugi tulisan
punika saged kagem renungan kula panjenengan sedaya. Bener punika saking Allah,
ananging menawi lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.
Matur nuwun.
Penulis,
Fatma
DAFTAR ISI
Judul
|
1
|
Pengesahan
|
2
|
Motto
|
3
|
Tulisan Punika Kagem
|
3
|
Atur Sapala
|
4
|
Daftar Isi
|
5
|
Bab I Pambuka
|
6
6
7
|
Bab II Isi
Analisa
Analisa
|
8
8
10
14
16
|
Bab III Panutup
Pepuntaning Rembak
Daftar
Kapustakan
|
18
18
19
|
BAB I
PAMBUKA
- LATAR BELAKANG
Dipuntingali saking psikologis tiyang enem
ugi tiyang sepuh remen kaliyan cariyos utawi dongeng. prakawis punika saget
dipunbuktekaken nalika seminar, pengajian lan wonten kelas, sedaya tiyang
langkung midangetaken.benten menawi njlentrehaken babagan ngelmu alam, mesthi
kathah tiyang ingkang ngendika piyambak-piyambak lan dados rame.
Tiyang sepuh mawon remen kaliyan dongeng
punapa malih lare alit. ngagem dongeng, kulo panjenengan sedaya saget mucal lan
njumbuhaken budi pekerti. ingkang dados prihatin cacahipun tiyang sepuh ingkang
nyariosaken dongeng kagem putra putrinipun naming sekedhik. Kamangka budi
pekerti kedhah dipun tandur awit saking alit, penelitian mbuktekaken menawi
yuswo sangandhapipun 5th, lare bakal niru lan ngemut-emut menapa
kemawon ingkang lare punika mireng lan pirsani.
Wonten ing tembang kinanti dipuncariosaken
Kang aran
berbuden luhur
Dudu pangkat
dudu ngelmi
Uga dudu
kepinteran
Lan dudu para
winasis
Apa maneh
kesucigihan
Nanging mung
sucining ati
Lan wonten sesanti
ingkang uninipun
Manungsa punika
kadosta wayang, manut dumatheng dhalang ingkang nglampahaken.
Sae, ala,
mulia, lan angkara dados rasukanipun gesang ingkang kedhah dipunadhepi.
Ananging
kamulyan lan keluhuran budi sejati bakal ngawonaken angkara, iri, lan dengki.
Menungsa
ingkang adiluhung punika, santun ing pitutur, solah bawa, lan ikhlas makarya.
Tiyang ingkang
paling bungah inggih punika tiyang ingkang eling lan waspada
Saking tembang lan sesanti punika, saget disimpuleken menawi budi pekerti
punika kautamaning gesang. budi pekerti kedhah dipun tandur awit saking alit,
supados benjang dados tiyang ingkang wasis, lan nggadhahi budi pekerti ingkang
sae.
Ananging wonten jaman sakmenika indonesia sampun krisis budhi pekerti.
Amargi punika penulis gadhah kekarepan supados pelajaran budhi pekerti wonten
ing basa jawi saget dipundadosaken piwulangan ingkang kautaman kagem ndhidhik
budi pekerti.
Lewat tulisan punika penulis nyobi njlentrehaken piwulangan budhi pekerti
wonten ing dongeng.
- ANCAS :
- Makalah punika dipundamel kagem njangkepi
tugas akhir basa jawi semester 2 kelas XII.
- Saget dadosaken piwulangan budi pekerti kagem
kulo lan panjenengan.
Miyak Tuladhan Crita Wayang Ing Serat
Tripama
Yogyanira kang para prajurit, lamun bias samya anuladha,kadya nguni
caritane,andelira sang prabu, sasrabahu ing maespati,aran patuh suwanda,
lalabuhanipun,kang ginelung tripakara, guna kaya purunne kang denan tepi,
nuhoni trah utama,
Lire lalabuhan tri prakawis,guna bias saniskareng karya, pinudi dadi
unggule,kaua sayektinipun, duk mbantu prang manggada nagri, amboyong putrid
dhomas, katur ratu nipun, purune sampun tetela, aprang tandhing lan ditya
ngalengka aji, suwanda mati ngrana.
Wonten maleh tuladhan prayoga, satriya gung nagari ngalengka, sang
kumbakarna namane, tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk wiwit
prang ngalengka, dennya darbe atur, mring raka amrih raharja, dasamuka tan
keguh ing atur yekti, de mung mungsuh wanara.
Kumbakarna kinen
mangsah jurit, mring kang rak demnya tan lenggana, nglunguhi kasetriyane, ing
tekat datan purun, among cipta labuh nagari, lan noleh yayahnera, myang
luluhuripun, wus mukti aneng ngalengka, mangke asra rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.
Yogya malih kinarya palupi, surya putra narpati ngawangga, lan pandhawa
tur kadange, lan yayah tunggil ibu, suwita mring sri kuru pati, aneng nagri
ngastina, kinarya gul-agul, manggala golonganing prang, bratayuda angadegken
senapati, ngalaga ing korawa.
Minungsuhken kadange pribadi, aprang tandhing lan sang dananjaya, sri
karma suka manahe, dene sira pikantuk, marga dennya ngetok kasudiran, aprang
rame karma mati jinemparing, sumbaga wirotama.
Katri mangka sudarsaneng jawi, pamtes lamun sagung pra prawira, amirita
sakadare, ing lalabihanipun, aja kongsi mbuwang palupi, Manawa tibeng nistha,
isa esthinipun, sanadyan tekading buta, tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.
Uran-uran tembang dhandhanggula ing dhuwur cuplikan seka serat tripama
anggitane KGPAA Mangkunegara IV. Isine nyutake paraga wayang cacah telu kang
dhuweni watak becik (utama) lan ala. Parga wayang cacah telu kasebut yaiku
Bambang Sumantri, Dipati karna lan Raden Harya Kumbakarna.
1. BAMBANG SUMANTI
Miturut cuplikane saka serat tripama kasebut bias
kitha uningani menawa Bambang sumantri kang tembene arah patih suwanda iku
klebu parage wayang sing skeh sithike nduwni sipat kontronersial. Sumantri dianggep
pahlawan, karna tansah njunjung dhuwur sipat kaprawiran, uga ana sawetara
sipate kang kurang prayoga (ala), yaiku kaduk piangkuh.
Bambang sumantri ngono putrane resi
suwandagni(suwandageni) ing padhepokan ardhisekar.satriya baagus kang tansah
dadi panjang kidunging para Kenya ,nanging
ing telenging atine mung tansah kayungyun marang kaprawiran. Kanuragan , lan
jaya kawijayan. Saka geturing tapane , pinaringan kadigdayan linuwih lan
gegaman kang ampuh.
Dening kang ramene, sumantri dhinawuhan, suwita ana
ing ngarsane prabu arjuna sastrabahu ing maespati. Pasuwitane bakal ditampa
janji bisa mboyong dewi citra wati, putrine prabu citra darma ing nagada
(manggada), kinarya prameswarine sang nata.
Bambang sumantri nglurung menyang magada,ngalhake raja
sewu Negara kang diphandegani prabu darma wasesa yaksendra saka Negara windarba
kang uga bakal ngayunake dewi citra wati dalah putrid dhomas , bakal katur
prabu arjunasastrabahu satekane saka magada, sumantri ora inggal ngaturake dewi
citrawati , nanging malah jaluk supaya diobati nganggo pancakara utawa perang
tandhing kinarya nodhi sepira kdigdayane sang nata prabu arjunasastrabahu.
Dening sang prabu diladeni. Supaya aja nganti ana panyakrabwa yen iku perange
kawula mungsuh ratu gustine. Mula bambang sumantri banjur kaparingan ageman
kanrendran lorodane sang nata. Pamrihe murihe murih seimbang kalungguhane,
yaiku ratu mungsuh klawan ratu.
Nalika prabu meh keseser yudhane, banjur triwikrama
dadi prahala suggggununganake. Sumantri arep diuntal malang ,nanging
ura sida jalaran sumantri kang wis
rumangsa kasoran banjur nglumruk ana pangarepane sang nata karo nyuwun
pangaksama.sang prabu arjunasastra paring pangapura, nanging sumantri bali
ditodhi kasudibyane kanggo nebus kaluputane, sumantri dhinawuhan muter taman sriwedari
saka kahyangan uttara sagara (untara- segara ) menyang maespati.
Kanthi nelangsa, nggetuni pakartine, sumantri muliih
menyang padhepokan, ketemu karo adine aditya sukasrana kang awujud buta bajan
gkang rupannnne medeni nanging kasektene ngedab-edabi. Sumantri nyeritakake kabeh lelakone marang adhine
kuwi.sukasrana saguh mitulungi janji dikeparengake Derek suwita ing maespati.
Sumantri nyaguhi.
Bebasan mung sakedheping netra. Sawise manengkupuja , sukasrana bisa mindah taman
sriwedari saka kahyangane bathara wisnu mau menyang maespati, saengga ndadekake
gumune para kawula . parabu arjuna sastra nglawan dewi citrawati didherekake
para putrid uga ngresakake mriksa lan niti priksa tamna iku.
Nalika lagi ngresepi kaendahane taman dumadhakan dewi
citrawati anjelih kepati (njerit) merga weruh ana buta bajang ana papan kono.
Rumangsa isin adhine dikongkon mulih dhisik, dijanjeni yen pasuwitane wis ditampa tenan,
sukasrana arep diajak suwita uga, ning sukasrana ura gelem pisah karo sumantri.
Dening sumantrri banjur diagar-agari jemparing.nanging tanpa sengaja panah mau
mrucut lan tumama ana dhadhane sukasrana saengga ndadhekake patine. Sumantri
rumangsa keduwung. Nalika arep ngrungkebi kunarpane, sukasrana sak nalika ilang
musnah. Saka madya ganthang krungu suwara lamat-lamat: “kakang sumantri . aku
ewoh mlebu menyang suwarga menawa ora barengan karo kowe. Titenana kakang ,
sesuk yen kowe tandhing tiyasa karo ratu buta, iyo ana kono nggonku methuk kowe
bebarengan munggah pasuwarga”.
Bubar kuwi pasuwitane ana sumantri katampa. Winusudha
dadhi patih ing maespati aran patih suwanda . kondhang minangka patih ing
tansah setya tuhu marang ratu gustine.nalika ndherekake sang prabu lan
prameswarine lelumban ana ing narmada, ketekan dasa muka sing nedya ngarubiru .
ya nalika nrenggalangi kridhane prabu dasa muka iki , akhire patih suwanda
gugur menangka pahlawan maespati.
2. ADIPATI KARNA
Adipati karna utawa basukarna iya basusena mono
kondhang kadidene satriya kang junjung dhuwur kasudiran. Adipati iku ratu ing
ngawangga (awangga) , Negara cilik kebawa Negara astina .garwanne asma dewi
surtikhanti, putrane prabu salya ratu ing mandaraka. Dewi surtikhanti iku
mbakyune dewi banowati(garwanw prabu duryudana), mula ing padalangan prabu
duryudana yen ngaturi prabu karna “kaka prabu karna” utawa”kaka adipati karna”.
Miturut crita padhalangan. Prabu kaeeerna iya
suryatmaja iku putrane batara surya lan dewi kunthi, mula karna iku klebu
drajating wasu.yakuni manungsa setengah dewa. Mula ura mukal yen karna
kasinungan kadigdayan kang linuwih. Prigel ulah waastra (jemparing) prasasat
timbang karo prigelane arjuna. Kejaba panah kepriwijayadnu. (kunta druwasa),
pusakane karna wujud keris aran kiai kaladete (yen ing pahlangan gagrag sala
sinebut kiai jalak). Aji-ajine karna yakuwi aji kalalupa ( bisa ngetokake buta
akeh banget), lan naracabala (bisa ngetokake genggaman maneka warna).
Tembung karna kuwi dhewe sejatine duweni teges kuping,
amarga laire liwat kuping. Crutane mengkene nalika dewi kunthi iseh Kenya
nate merguru marang resi druwasa, dewi kunthi diparingi mantra panggendaming
dewa aran adityahredaya iya punta wekasing rasa tunggal sabda tanpa lawanan,
kang dayane yen diwteg bakal nekakake dewa sing lagi sela. Welinge sang
resi,dewi kunthi ura enthok ngrapal mantra kuwi sembarangan , yen perlu temenan
wae. Amarga pengen ngerti kasiyate mantra kuwi sawijining dina dewi kunthi
ngrapal mantra saka sang resi . kebeneran dewa sinnnng lagi sela yaiku bhatar
surya kang nguwasani serngenge . kocap kacarita surya seneng karo kunthi .
nalika ngerthi yen dewi kunthi anggarbini banjuur bathara surya mbudidaya
supaya jabang bayi bisa lair tanpa liwat guwa garba. Khanti kasektene bhatara
surya , si jabanng bayi bisa dilairke liwat kuping utawa karna. (Basukarna).
Bayi Karna nuli diwadhahi kendhaga, banjur dikelekake ing bengawan Gangga, ingi
tembe bayi Karna ditemu dening kusir Adhirata.
Ing perang Bharatayuda. Karna mbelani Kurawa. Satrio
iki ngerti yen sejatine Kurawa kang salah. Nanging dhweke ngugemi jejering
satriyo kudu mbelo sapa wong sing mbiyen
nate nggawe kebecikan marang dheweke.
BAB III
PENUTUP
Pepuntaning Rembak
Saking
cariyos kala wau saget dipunpendhet piwulang :
- budi pekerti punika migunani sanget kagem
gesang wonten alam donya. Kados wonten ing sekar kinanthi:
Kang aran
berbuden luhur
Dudu pangkat
dudu ngelmi
Uga dudu
kepinteran
Lan dudu para
winasis
Apa maneh
kesucigihan
Nanging mung
sucining ati
Leres menawi
sapunika basa jawi dipunlebetaken wonten ing kurikulum, amargi piwulangan basa
jawi punika kathah ajaran budi pekertinipun. Utamanipun wonten ing wayang.
- kula panjenengan sedaya kedah njagi
kasucining athi lan dhiri.
- syukur dumatheng punapa kemawon paringanipun
Gusti lan ngrawat lan migunakaken kanthi sae.
Daftar Kapustakan
Irawan,
dkk. 2005. Kulina Basa Jawa. Klaten: Intan Pariwara.
Notopertomo,
Margono. 2004. Pakartitama. Klaten: Sahabat.
www.jayabaya.wordpress.com
No comments:
Post a Comment